Sabtu, 01 Mei 2010

Ngendikane ibu Moertolo

NGENDIKANE IBUKU
Tuk , Yun kene wis mari sinaune , “ sampun Buk……. Aku karo mbak Tatuk bareng oleh e nyautti Wonten punopo …………?
Iki tulung nduk …… … ,nyek-nyekno sikil le ibuk . “iku lo mbak……… sampean, di Utus mijeti ibuk , lakok enak….…wong loro kok sing ditimbali…..’” Opoh-opoh ae , arek loro iki , di utus ibune kok podo dondi , nggak pantes ngono iku ? Bapak ngendhiko karo mlebu menyang kamar. Ayo mbak! ibuk selak duko, iyo-iyo .” Pundi buk sing di pijet ? kene sikil siji edang Yun yen mijet sing genah ojoh mancul-mancul nggak kroso……… koyo mbakmu ngonolo enak ! Biasa iki pancen nggak niat , opo ae mbak….ngarang , niat kok aku !
Buk…..anu anu , opo anu anu ………? Niku lo buk, mbah Kakung Singosari niku pinten sih Derek e ? “lapo si h , kok takon mbah mu barang ? nggih saking mawon ,pingin ngertos , “ ancenne koen iki kakean omong . diutus mijet nggak niat omong di disekno . Tala buk crito…….. “ ooo mbah mu iku sak duluran ono telu ,nomer siji yo mbah mu iki , asmane mbahmu iku Arjo Winoto,nomer loro mbah Roh , bapake , paklekmu Saim. Sinten asmane mba Roh inku buk..? mbah Roh iku asmane Amari. Amari ta buuk , lakok di timbale mbah Roh ,jare mba Tatuk , yo nggak ro nduk ibuk. La ingkang nomer tigo niku sinten . sing nomer telu iku ono Probolinggo, asmane mbah Prawiro Dirjo.
Menai asmane mbah putri sinten ? mbah mu iku Aspiatun. Ayu nggih buk ! mbah putri niku, iyo …… mirip bulikmu Mai.
Buk menawi kluargane bapak niku pinten? Wah terus Yuyun iki …...lak onook ae sing ditakokno . Nggih , buk kersane mboten kesel , “kesel opo ….? nggih mijeti ibuk . Bapak mesem karo merinng ngadeb ibuk, ibuk terus di sun. “ ta m as… biasa iki ! “ opo dik ……?, Nggono ae… kene tak sun sing sesene. “ Maaas ono anak e “ nggono ae dhik …… ! Sinten pak ingkang mbajeng….? “Kono matur ibumu ae …..bapak ngantuk. Oh bapak , mbak Tatukngrundel , Karo terus mijeti ibu . Karo ngantuk ngatuk ibuk nerusano pitakonku karo mbakTatuk.
Iku lo ndu k dulure bapakmu iku akeh , sing nomer siji, bude Mas Amah ,ibune mas Arto yu Sri mas Sleman Yu Pin , mas Paat karo Yu Las.
Sing nomer loro bude Mas Anah iki ndalem e ono Malang ,nggak kagungngan putro.
Sing nomer telu ibune maas Dasuki, yu Mina ,mas Ripin sinten buk… asmane bude Ripin niku? Asmane budemu Mas Anah.
Sing nomer sekawan sinten buk ? mak Tatuk olehe takon , “iku nduk budemu sing paling ayu.” karo mesem ibu yen ngandikan.” Sinten sih buk paling ayu niku ?, mbak Tatuk penasaran oleh kepingi n weruh. “ Iku lo nduk budemu , Bude Mas Siah. Ooooala ibuk iki.

ngkang nomer gangsal sinten? “Yo iki sing sare ono jejer e ibuk iki ! bapak ta ? .” iyo bapakmu . “ “asmane bapak niku sinten sih buk? Kok wenten ingakang nimbali mas Su . mas Surat. ? “ asmane bapakmu iku Yun ! Suratman Ali Murtolo. “ mboten wonten Raden ne buk ? “ yo ora ono !
Terus sing nomer enem . Bulik sinten ? “iku lo oo bulik Mai manah “. mboten wonten ,mas e buk? , “mas opo……? ,Niku bude Sia lak wonten mas se “ mas opo sih Yun…? Niku Mas S ia ono ono ae di terusno opo nggak ?, “ nggih buk ‘ …… aku bereng olehe nyauti karo mbak Tatuk.
“ Buk Niku ibune dik Por ,dik Antok , dik Ndut karo dik Agus .Nggih “mbak Tatuk negessi. “ Iyoooo sing garwane asmane Lik Sakijo, wong e ganteng koyo Arjuno . “ Molai , biasa Yuyun , lak ono ae .
Buk dalem ngerti ingkang nomer pitu bulik Sutik . “ la iyo , sopo maneh ! “ sopo asmane ? ,mbak Tatuk nggak gelem kalah, “ yo weruh mbak wong bulik tersang, “ iyo sopo? “ alah…. Raden Roro Sutiati . ibune dik Ana koro Eni .: Ha ha ha aaaah aku mbak TatuK Ibu podo ngguyu bareng . nanging bapak mung mesam mesem ae. “ onoook ae koen iki Yun , yun .”bapak ngendikan karo mudun soko kasur.
Ayo mbak Tutuk, tutukno ! sopa ,sing paling kari , adike bapak? “ Alah Yun iku sih lik Buntek ! wuh ngawur ……… duduk lik Buntek iku mbak. “Terus sopo yen , duduk lik buntek ! oalah mbak-mbak, sampean iki, mosok karo bulik e ,ora weruh asmane . “ La yo sopo lo Yun . iku ngono Buk nung. “ “Wong podo nggak weruh ae eker …… “ Terus sinten buk , asmane Buk Nung iku ? “ Nuryati . “ eeealah. Sing ndaleme ono Kendedes garwane dalang , putrane sekawan , Agus ,Rini, Dian,karo Diah . “wis… wis mandek ,ngak, turu- turu aku , nuruti ,omong karo arek loro. “ Ayo sembayang disik, terus turu’ ojoh lali nyuwun nang Pengeran ‘ nyuwuno Rejeki sing akeh , jodoh sing mulyo, sing bertanggung jawab , ndonyo akhira t “ Kono mbak ndang jaluk sampean iku ! ,” opo ae Yun . karo mencep mbak Tatuk modon tekan kasur “ Koen pisan Yun , nyuwuno nang Pengeran , kono ndang ditutup lawang e ibuk wis nggantuk.
Nggak let suwe adhiku Yeyen mungah , mapan nang jejere ibuk , “ wis solat ta Le ? “ sampun buk!
Oyo moco dhongone turu disik , ben di lindungi Pengeran. Karo di kusuk sirae adhiku moco doangone turu, “ Bissmilla hirrohmanir rohiim Niat insun turu ,turuku tengah edat, bantalku sahadat, kemulku rosul, kang njogo molaikat petang poloh papat, kang a ling alingi nabi Muhammad. Yahu Alloh Muhamad darosululloh, “ ayo moco Kul audu birobinnas “ nggih buuuuk ., karo alon alon nyauti mergo wis ngatuk temen “ ayo le yen moco sing bener, “ ing gih buuuuk , terus bablas turu . Wis turu ta le , karo di sun batuk e adhiku, Ibu nggendikan “ Mugo mugo mbesuk koen dadi wong sing pangkat naaak, sabar koyo bapakmu, seneng nulung won g sing kesusahan, sing iklas yo nak! Terus ibuk miring ngadep Bapak.

WAYAH SORE UDAN GRIMIS
Nang ndi… dhik , anak e kok sepi? “ Panjenengan ta mas! Niku ,lare-lare sami tilem , wonten nopo? Nggak dhik mung takon ! “ mas Su kolo wau.. di padosi Cak Dawut Ono opo dhik? “ duko biasa la cak Dawut. Yo wis gampang, mari mahrib tak mrono.
Krungu bapak karo ibu ngendikan adhik u Ideng mudun alon-alon soko kasur, disusul adhiku Yeyen terus mbak Tatuk , aku kari-kari padahal aku nggak biso turu awit mau, epok-epok ae … padahal aku nguping ngendikane bapak karo ibu.
“Lo…… kok podo mbejudul, ono opo,dawue bapak . Ibu kaget ndeleng putrane ora ono sing podo turu. “ Eee nggak ono sing podo turu ta, kene ayo rame-rame yen ora podo iso turu lungguh ning kene. Dawue Bapak ku , “ asiiiiik , pancen sabar Bapakku nggak nate dhuko seje karo ibuku.
Ideng moro disik , lunggo jejer i Ibu .mbak Tatuk nggak gelem kalah lungguh jejer bapak, adikku Yeyen mlaku alon-alon lungguh ono sese h kiwone Ibu aku lungguh cedak lawang .
Kapok koen Yun , nggak oleh panggonan, aku enak jejer Bapak “ iyo mbak ya aa , jareneJare Ideng. “ Nggak popo enak ning kene iso ndeleng udan, “ iyo mbak ya….. “ Aku pinggir kene yo enak iso ndeleng pisan. Jare adhiku Yeyen. “Wis-wis ojo eker –ekeran ngko dadi tukaran. “ Nggih Buk, mbak Tatuk niku nggarai. “ Wis-wis ojo di terusno mengko nggak mari-mari . “ iki Bapak nduwe crito…. “. “Crito nopo Pak…. Bareng serempa k olehe nyauti . “ Iku lo Sak crit sak crit pokok e roto “ wah biasa Bapak iki…..kabeh podo ngguyu.
“Lo kene lo leee? Lapo koen iku ? kene nak, lunggo kene , bareng - bareng. “Inggih Bu , Mas Anto moro, lunggo mepet jejer ak u Rungngok no yo Ibu ngendikan iki…. , Sing rukun karo dulurmu ,iling o yen isih cilik ngene iki dirumat bareng ,turu bareng, maem bareng , nggak ono yo dibagi roto ,ojoh menang-menangan , dumeh sing gede ngawe sak karep , ojoh yo nak Ibu nggak seneng , sing gedhe nglindungi sing cilik , sing cilik ojo sakkarep e dewe Ibu njaluk , sampek koen kabeh dewoso mbesuk, mugo mugo anakku kabeh Mbesuk dadi wong sing pangkat yo sing mulyo“ amin kabeh nyauti ono njerone atine dewe dewe. Niku Buk biasane mbak Tatuk niku…. “opo ae Deng ? Wis –wis biasa iki, durung thuthuk Ibuk ngomong kok di selani. Rungoknooo opo maksud e ibuk iki ,
Oleh ngrungokno Ibu ngendikan nggak kroso moro –moro wis krungu adhan, Bapak ngadek ngajak nang langgar . “ Ayo solat , solat disik mengko di thothokno. “ pak dalem cangking, “ dalem pak ? “ iyo- iyo o ayo , kene le , ono kiwo koen ,Deng pinggir kene ! aku karo mbakTatuk , mas Anto ngetut no ono mburi Karo gentian wudu mas Anto sing ngumpak no Bapak , sak wise Bapak mas Anto singwudu, terus mbak Tatuk aku , ideng karo yeyen. Kabeh sing ngumpo banyune Bapakku
“Ayo cekat ceket ndang budal ,selak kedisikan komat. Terus tutupen , lawang e ,aku solat nang kamar “ Inggiiiiih kabeh podol budal.

REBUTAN LAWANG
Ri tup wang- ri tup wang kari nutup lawang , karo mlayu disik disian aku mbak Tatuk Ideng karo Yeyen mulih soko langgar “ opo reeek rusak engko lawang iku’ ibu ku ngendikan karo isih ngagem rukuh . nggak direken oleh ibu ngendikan tetep kabeh podho di sisik-disian .” aku disik –aku disik “ “ nggak aku disik Deng !“ “ngak iso pokoke aku dhisik “ nggak ,nggak iso pokok e aku disik delok en sikil ku wis ono njero. “wah nakalan iki , nggak pokok e aku disik. Ideng karo ngoton oleh e ngomong . “ wis wis 0p0 ae gentenan -gentenan , mbok ngalah salah siji .Bapak ngendikan soko mburi ku. kabeh podo nggak wani mbantah mung ngrundel ono njero ne ati
Koen Yen sing nutup lawang , wong koen sing mlebu kari “iyo –yo ngono ae .
Wis ayo saiki ndang di dekek rokone , Terus toto dahar nduk ,Tuk,! “ ngih Buk. Nggak let suwe kabeh podo ngumpul ono mejo makan. “ eeeee pinggir kono nggonku , “ nggak iso wis tak di sik i “ nggak !nggak, iso pokok e nggon ku “ ngalah tah nduk karo adik e, kene Le koen jejer mbak yu mu.
Dalem mboten poron niku Buk “ La opo ? “ niku mawon mendol sing alit-alit, “ yo ora ono gizi ne, iki peyek teri ne “koen karo opo nduk ? “ niku kalian kulupan kalian mendol“ la koen Yen karo opo ? “ sambel tumpang e tesi womten ta Buk? “ Yo wis entek le , iki ae yo oo nak , “ nopo ,mendol. “ iyo karo teri yo nak! “ dalem Buk . “ ‘Iyo koro opo koen ? “anu buk ,mendol, teri kulupan kalian sing ditutupi niku. “ lo yo ojo akeh –akeh , la mas mu karo opo engko ? “ Ngih pun kadhos yeyen. “ ayo maem kabeh ojo lali dhongone ,ben nggak di rewangi setan. Bapak ngendikan karo mbarengi maem. “ La sampean nggak dahar pisan ta Dhik? “ mboten mas Su , tesih warek, mangkeh sareng lare-lare. “ Wis kene ,dahar o disik, jarno arek- arek gampang ‘engko tak tukono tahu campur nang yu Ni ( bude ni wetan embong jejer e bu Makali) “ nggih gampang mas mangke !
Mengko yen mari maem, ojo lali piringe di ringkesi nang buri . terus sinau . “ koen lo Yun sing ngringkesi aku mau sing toto dahar, “ iyo yo mbak ,ngono ae . “ wis nggak usah di bahas , tutukno maem e . “ nggih pak , “ koen loo Yun . “ iyo-yo .
Sak wis e maem kabeh podo menyang mburi, nggowo piring e dewe-dewe , aku kebagean ringkes –ringkes karo ngelapi mejo dahar .
“ wis ayo saiki ndang di njupuk buku ne dewe-dewe, sopo sing nduwe PR ndang di garap, sing ora ngerti ndang nyuwun pirso Bapakmu , “ inggih Buk…… adhikku Yeyen nyauti.
Kiro-kiro jam 8.30 kabeh podo mari oleh e sinau biasane kabeh podo ngumpul ono kamare Ibuk utowo ono ruang tamu, kebenaran pas ono kamare ibuk. Ono …… ae sing di rembuk Bapak karo Ibu, aku kabe h podo seneng yen Bapak karo Ibu ngendikan ,mesti kari karine yen nggak ndongeng, yo utowo bapak maringi wejengan ,gawe sangu mu,kabeh mbesuk mburi , mesti iku sing biasane ngendikane Ibu karoBapak yen bar maringi pitutur.

Ngono iku yo senengi aku kabeh , mirengno dawuh e Bapak karo ibu Opo maneh yen Ibuku nyritakno jamane ngunsi ono desa kronto,jamane isih cilik-cilik karo adhi-adhine terus ndongeng du…..h , iso nyentuh ati, yen dongeng e melas kabeh podo nangis ,senajan mas Anto meneng sing ,nggak kakean omong iku , yo iso ngetokno banyu moto, tambah adhiku Yeyen nangis e huuuuu masa Alloh. Ning yen ndong eng Pak Gung karo mbok Gung , utowo Wak Kaji doyan sumsum , mesti kabeh podo nguyu ke pingkel pingkel. Aku kabeh sing paling seneng yen Ibu ndongeng Suwarno karo Suwarni critane melaaaas tenan opo maneh pas tekan ora iso mangan, bapak e ora nduwe duwit kanggo tuku beras , ibune ning omah nggodok banyu disi kayu jaranan , sing di enteni anake loro.” Kok nggak mat eng mateng yo mbok ? “ yo sing sabar mengko lak mateng dewe ta lee., wis kono enten ono karo turu turu an ambek adhimu , wah mulai wis kabeh podo ndeleng sopo sing ndisiki mripate metu banyu moto . “Wah …. Lapo mbak nangis , “Koen yo nangisngono ? “molai-molai diterusno opo ora? “inggih buk ,mangka ne ta Deng? “biasa iki wong koen yo nangis ae ngilokno uwong “wis-wis meneng, nggak tak tutukno lo “ nggih ,nggih Buk…… kabeh podo nyauti. Wedihi dongeng e nggak diterusno . “Wis yo saiki wis mari ndongeng e , Insyah Alloh suk takdongengi maneh , sopo sing wis ngantuk ? ndang turu, ojo lali sembahyang disik , koen le ,To , pijet ono Ibu k disik yo nak. Mas Anto nggak kakean omong terus mijeti ibuk. Aku kabeh podo nang mburi njupuk wudhu gentian terus sembayang

DINO MINGGU
Tuuuuk , Yuuuun ayo ndang tanngi , iku langgar e wis muni, meh komat lo? Ayo nak tangi ojo kedisikan srengenge , dawuh e mbah mu mbiyen , iku ngono wayah e Gusti Alloh mbagi rejeki, opo maneh koen wong wedok nak….., isih prawan, marai adho jodohne . age nak ndang tangi ! “ inggih inggih . Tangi cekekal nang mburi senajan rodho aras-arasen tetep wudhu terus nang langgar.
Nggak let suwe adhiku Ideng Yeyen nututi . Bapak karo mas Wiwin wis budal disik, terus mas Anto , mas Sulis ora ono omah , mergo turu nang ndaleme mas Hajir Jln Kartanegara.
“Tuuuuuuk “ “ dhalem buuuk, “kene , ndi adikmu ? “ sinten buk ! Ideng nopo Yuyun , wonten nopo? “ yo nggak ono ,opo-opo ! opo tugas e yen isuk ? “inggi h ,nggih ayo Yun nang mburi.
Nggak let suwe kabeh podo nandangi tugase dewe- ewe mbak Tatuk kora-kora ,aku resik-resik omah Ideng nyapu latar Yeyen noto sandal , “ Masak ala Yuuun !
apo ae, nyapu nggak mari mari molai komangen , “ anu, anu buk , “anu-anu opo biasa iki , karo kesusu ndang tak tutukno wedi ibu , selak duko , bahaya iki……………
Terus Ibuk nang mburi, “ Iki pisan ! ayo cekat ceket . selak ono tamu, mbak Tatuk kaget ,oleh ibuk ngendikan ngono iku , pancen mbak Tatuk yo lucu wong gedek kok yo di dulang koyo nglotek arek bayi, lek gak ngono letek e kopi di udhek dadhi siji dig awe dulinan , di taning taning koyo pasaran “ piring sing kotor nang njero, opo wis digowo nang njobo kabeh Tuk ? “sampun buk , “ ojo sampan sampun ,laiku sing nang dukur mejo makan iku opo ? “ Pundhi sih buuuk ? “ laiku opo ? “Oooooo karo

nggrundel mbak Tatuk ,njupuk I piring piring kotor. Biasane paling mangkel mbak Tatuk , yen enak enak kora kora ditambahi kora-koraan , alamat iki dadi pekoro . opo maneh sing nambahi Ideng , nggak nemu ampun. Ideng e dewe pancen yo rodo tambeng seneng ane golek wiwilan, mbak Tatuk e dewe nggak kenek kecentok.

“ To, jedhing e , Le nggak kakean omong masAnto terus nandangi, La mas Wiwin umbah –umbah, nggak pilih pilih, nek e sopo …. ae di kumbahi dadhi ibuk karo bapak nggak natedhuko , merga masku siji iki pinter ngapek atine wong tuwo.
Mba a ak di timbali ibuk ! “ ono opo? “ di utus sarapan bareng bareng , sego gore ing e ,wi s mateng iku lo “iyo disik. “ Yo wis ,sampean, cekne ke disiaan Lek Oni ( tonggo mburi omah ) Ngak let suwe kabeh podo mari sarapan . Lek Oni teko kate njupuk sego sing nang nduwur wajan sing kari sak bagaian, “ojoh Lik ,iku jatah e mas Sulis, “ titik ae Yuun , aku luwe , “ ojo Saken ,mas Sulis maring ene teko, “ Opo sih nduuuk , “. niku lo lek Oni Pak ? “ Mboten –mboten pak Mor ! “‘ngono ae isin Lek-lek.
“ Wis panganne Ni , gampang ngkok Sulis,. sedeng wis mateng , ibune arek arek ,adang . Duh pancen suabaaaar ,Bapakku tukang tulung wong pisan. “ Lo pak mas Sulis ! “ wis gampang ngono ae nduk ,yo sing ono iki , sing dhuwe rejeki ‘Jawab pe Bapakku.
Kiro-kiro jam 12.45 masku Sulis karo nggowo rangsel “opo mas iku “ iku lo Tuk seneng anmu …….! “ opo maas . “jambu . “nggak ono pencite mas ? “ yo nggak usum ndhuk.
Ransel di dekek kabeh podho rebutan, terus mas Sulis nang mburi , wijik jupuk piring. “ Kok sampek yamene sih Leee? Koen kok tas mulih nggak luweh ta koen ?. karo ndingkluk mas Sulis nggak njawab ngendikane Bapak.
Deng……., Ye…n , Tatuk karo yuyun nggak nang wak Atu uu? “ inggih Pak ! oyo mbak ,saiki wayah e di wuruki dhongone adhus ya mbak “ iyo Yun …. Dongone adhus iku akeh lo . “ iyo mbak ya“ “ koen elingo dongone adhus jinabat , khet .nifas karo opo Yun “ mboh nggak weruh . “ Mankane kono ndang budal . Nggih buk.
Buk sak niki wancine urun “ ooo yo , piro le ,Yen ? “ dhuko ? “ Yo wis iki kanggo wong papat “ nggih Pak . “ I yooo , sing ati ati liwat pingir ae ojo mlayu . “ nggih , kabeh bareng nyauti . “ ayo rek , budal . “ Ayo mas Deng, mbak, mbak Yuyun ayoi “iyo ayo le.
Kabeh podo budal , ning kono wis akeh sing podo teko,ono sing diwuruk dongone wudhu, dongo sembayang, dongone adus , ugo ono sing mraktekno solat, wis pokoke sembarang dongo ndi wuruk

karo Wak Atu, sampek- sampek dongone di uber kirik, dongo mlaku nang jero alas, senajan nganjine nggak nggawe Alquran, Wak Atu apal dongo sembarang.
“ Heee salah! Iku dongone adhus nifas, “ngih Wak Atu, karo nyugokno geni . terkadang karo di sambi ngedoli kayu, Wak Atu mbenerno sopo sing ngaji salah, senajan omahe oro di plester , alias lemah yen blebu kudu di copot sandale, ambene gedhih banget ,digawe arek limo praktek solat cukup sopo ae yen ngaji ora niat mesti digepuk kayu , Wak Atu , ora pilih pilih.
Sak wis e ngaji kabeh podho mulih , podho mlayu disik disian ,mergo wedhi jare critane mburi ne B K {Rumah sakit Bk Muslimat } dig awe mbeleh P K I .
Terus ono pingire ndaleme Budhe Siti guru ngaji, ono wit juwet , nang kono yo angker . ning yen wis tutuk nang ngarepe omah e Wak Temi dhodhol rujak , kabeh podho lego , soale wis rame akeh omah.
Bareng tekan omah , Ibuk karo bapak wis sare “ ono opo kok rame ? Bapak kaget oleh e kabeh teko ngaji mlebu omah disik disik an lawang ora ono sing podo gelem ngalah .
“ Massa Alloh, mbok gentian nduk , ngalah karo adhine , alon alon mengko ibumu kaget , ibumu tas sare “ inggih pak kabeh bareng olehe nyauti . ‘Untuuuung , Ibuk nggakmireng . blahen iki . iso iso kenek cetol ‘ “ iyo mbak ya . Ngampang mbudeli rambut ae koyok biasane,
Awas tak aturno Ibuk sampean.
“ Biasa Ideng iki ,nggak boloan , koen boloh saopo le ,Yen. Yeyen ngga nyauti , meneng ae nglonyor mlebu nang njero.
Nduk Tuk, rene ? “ wonten nopo Pak ? celuken adhik adhikmu , “ Yun …. ,Deng ,Yen timbali Bapak
Nopo Pak, “ kene iki njupuk siji siji nggak ole milih, kabeh nggak wani rebutan , biasane Bapak yen mbagi opo ae yen nggak sing gedhe disik yo siang cilik gentian olehe njupuk , “ nopo Pak , niku “ wis ta jupuean . Kabeh podo gentian njupuk mari sing wis di bagi limo limo, “ Yun aku ijol sing bebek2an, ‘ moh kok enak….. wong wis adhil kok. “ awas koen yoooo, ngengkok bengi nggak tak keloni . “iyo iyo karo mlerok aku ijol mbak Tatuk ,merga aku nggak biso turu yen nggak dikeloni ,utowo bantalan tanganne mbak tatuk.
“ Kolo nopo pak , Bapak dateng SHIOGE , Wingi Le , ansal katah pak, ? “iyo , kok namung gansal dalem di paring, “ iyo di gawe engkok sare , di bagi karo mas mas mu lak ngono a le…le... “ Ooooooo nggak wani protes adhiku Ideng.
Ayo naaak, yen wis mari ndang adhus wis sore “ inggi paaaaak.

( SHIOGE Cino Koncone Bapak sing nduwe pabrik mari )

DINO MINGGU MANEH
Saben dino Minggu isuk kabeh rame-rame di ajak Bapak kerja bakti ,njabuti suket ono lor e omah ,karo njabuti suket ono latar ngarep , yen wis rampung adhus kabeh bareng-bareng bapakku sing ngrojoki,
“Ayo iku bolote di gosok,disabun sing resik , cek ne nggak kenek kanggo nandur kacang , “ iku mbak sampean bolote kuandel ono mburine kuping sampean , “endhi sih .” La Iku, koyo bolote mbah Wanta (wong dodolan ning SD Pagentan 1) ‘ iyo Yun , kene tak gosokno. “adhu mbak, ojo nemen-nemen ta !, loro ilo. “nggak-nggak, ngene ae , pancen nggak betah loro koen iku. “duuh, iku Yeeen. Koen ono denkulmu , kandel pisan “oo yo iki sik tak gobrot, “ Mas keno opo sikile sampean iku,? “ Wis menengo Yen ,ojo rame-rame engko mireng Ibu, blahen, “ono opo Le? Mboten Pak, mboten nopo nopo. “kene ndeleng? Lo kenek opo iki ? “anu Pak dawah, lo kok sampek koyo ngene sih … ayo kene tak resiki ngko ndang di obati, “aduh Paaaak! Sakit .. … “loro ngene ae ? mangkane ta yen “ kok Yen sih ‘Oh yo kliru mangkane ta ,mlaku sing ati-ati , Bismillah sing akeh ben oleh pitulungane Gusti Alloh . karo mercing-mercing adhiku Ideng nahan loro . “kapooook , enak rasakno , nggak jaluk aku, “Pak mbak Tatuk ilo, Aku karo Yeyen nggak wani banter yen ngece . yo iku jempol ku karo jempole Yeyen nggak kenek di goroi, Ideng tambah muaaangkel ketok ane. “ Wis ta …… biasa , kok seneng yen dulure kelaran ojo ngono nak koyo nggak rukun ae. Ayo wis mari koen nduk, gobrotane, ayo saki podo kramas , ndang tak grojok gantian, “nggih Pak !
Sak wise adhus , podo seger kabeh , Ibu wis nyedia ake sego go reng , sing wis di cepak ake ono piring-piring, senajan nggak ono iwake rasane wieeeeeeeeeeeeenak tenan. Opo maneh ono krupuke wuuuuuh nikmat, maen bareng-bareng.
Ngak let suwe sak bar e sarapan ono tamu “ Sopo nduk…. Bukaen lawange, “nggih Buk, mbok San niki buk , “ jeng…….. kulo ngriki, niki kangge lare-lare , “iyo nggowo opo ae sampean iki mbok, nggak usah nggowo opo-opo , mrene ae wi seneng, sing penting waras. “ mboten jeng niki kange lare lare kok Mbk Tatuk sing nampani gawannane mbok san , terus di muka gawane mbok San. “ngowo opo mbak ? ” Pindang bandeng , karo krupuk . “ooooooh, ngak let suwe Ideng wis ono mburiku ono ,mesti nggawe ukoro, “ Mbak Yuyun ibuk sampean teko ta “opo ae Deng , “la iyo deloken lambene ndoweh lak mirip lame sampean. “ Oooh tak ketak koen ! “ancen iyo kok nduk mirip koen , ‘ Oh ibuuuuk mbelani Ideng ….. …” yo wis .. nggak, ayo kono ndang gawekno unjuk an , karo mlerok aku nggawekno unjuak ane mbok San. “ mbak mingkem, ojoh ndoweh ae, netes looo, “opoae Deng Ancene nanik Yu Mut , biasa awas koen tak bales engkok . ( NANIK putrane bude Mut pacok ane Ideng )
Pancen adhiku siji iki seneng ane golek molo , tapi yo lucu marak ake ngguyu. Kabeh seneng yen adhiku molai mbanyol. Seje karo adhiku yeyen ….. bocah e seriuuuus banget.
“ Lo lo, ono opo iki ? karo menteng menteng Ideng nggepuki NUR anak e wak Bakya. Ora duwe wedhi terus ae ideng ngepuki . “ mangkane aku mau di gebuk karo anak sampean Wak Bakya , saiki tak bales. “ Bu mur, bu mur niki lo ooo ? ideng ? “ ono opo ? Niku buk, kolo wau kulo di gebuk I kalian NUR . nggih saniki kulo bales. “ yo ojo ngono la nak nggak apik , wong dendam iku , ayo salaman njaluk

sepuro. “ Yo opo sih Yu Bakya arek arek iki ? sepurone yo Yu . “ inggih bu Mur. Karo salaman yu Bakya ngguyu terus ngalih ideng ditus mlebu omah di dukani akeh akeh karo Ibuku, Ideng nggak wani njawab opo sing di ngendikani ibuk
Yen kene le rewang ono Bapak ! “ rencangi nopo Pak ? kene lo gondel ono iki takpakune “ inggih pak. Bapak ndandani kombong “ Aduh Pak……, Ono opo le. “ niki mboten tepak “apane le . “ niki lo, Pak , “ Opo le “ mboten ngerti, “ Ooo, iku getarane le, nggak popo “ getar ane nopo Pak ? “ Barang yen di tutuk iku kan goyang le, mergo koen nggondeli kurang seken, “ seken nopo ? “ kurang kuat, dadhi koyo koen sing ketutuk, jobak sing kuat lak nggak kroso goyang ane. “ nggih pak.
“ Pak mbesuk kulo menawi sampun ageng bade nyipta aken montor , sing mboten kale bengsin, “ La terus karo opo Le ? “ nggih kale toyo . “ karo ba -nyu ? “ Lo terus yo,opo Le “ nggih kulo rancang Pak “ Yo biso ae le , mbesuk iku nggak ono barang sing nggak mungkin , tergantung menungsone, yo mugo mugo karepmu keturutan . mangkane sing sregeb sinau , sing sering moco buku pengetauan di tambah cedek Pengeran. Mbesuk iku Le bakale wong adhoh iso koyok cedak. “ Kok ngaten Pak ? “ Iyo mbesuk iku telpon iso digowo nang ndhi dhi ketok gambare sing nilpon nggak koyo saiki, tlp ae jarang sing nduwe mbesuk iku kabeh omah podo nduwe talpon, malah saben wong nduwe telpon “ Lak kados omong omongan ngaten Pak. “Iyo le, yo koyok depdepan ngene iki , “ echo nggih Pak , “ Iyo, mangkane mbesuk iku tambah maju Negorone, mangkane koen sing pinter . ben nggak ketinggalan karo konco koncomu. Adhiku mung mantak mantuk oleh ngrungokno Bapak ngendikan , embuh opo sing di pikir.

BAPAK KU KANGGUNGAN CRITO
Pak dawuh e bapak kagungan crito ? “ Crito opo ?? “ Duko crito nopo kemawon , pokoke crito.
“ Iyo kene, lungguh jejer jejer runggokno, “ Aku lunggu kene , aku nang kene,n gak aku nang kene cedak ibu k “ Alah podho ae sing penting bisa ngrungoko yen Bapak crito . “ Ayo sing anteng ,
Inggih Paaaaaak buareeeeeeeeeng olehe njawab. Aku mbak Tatuk, adhiku Ideng karo Yeyen , sing nggak ono swarane yo mas Anto.
Mbiyen iku sik cilik cilik ane masmu Eko karo mas Wiwin ,koen durung ono kabeh mas mu Sulis isih cilik, la masmu Anto iseh ono padharan ne Ibumu, “ la dalem Pak ? yo ono padarane Ibumu, Sak pinten gedhe kulo “ Yo nggak weruh, Le . “ paling yo sak njetik an Yen . yo nggak paling , yo sak rambut aku karo mbak tatuk nyauti “ Wis, wis, diteusno opo ora , “ inggih Pak . kabeh podo njawab ,
Bapak karo Ibumu iki, Lungguh ono mejo sinau iku , ono ngarep cendelo, ndeleng udan deres ono lapangan, eeee nang lapangan ketok arek cilik cilik udan udan, “anakke sinten ngih mas Su, kok udan udan ? “ Iyo dhik yoo, untung anake dewe podo turu , “ inggih . niku mas wonte sing tibo , “ loo niku antem ateman ledok , ‘ iyo dhik yoo slamet arek arek podho turu ,enak ae Bapak karo Ibumu iki nutukne omong omongan .

Nggak let suwe mbahmu Putri , nimbali Bapak, “ terusno dhik ! critane “aaaaaaa Bapak “ iku lo di terusno Ibumu, njenengan mawon , nanggung mas , “ ta….. dhik aku arep nang mburi. Karo kesusu bapak nang mburi , “ Badhe nopo Pak …? Ikilooooo ? “ Ayo Buuuk ? kabeh gentian ngrengek nyuwun ditutukno critane. ‘ Iyo tekan opo mau, Niku Buk mbah Putri nimbali Bapak, Ooo yooo, Wor ,wor , iki lo anakmu ?? “ sinten Wor, wor niku Buk ? yo Bapakmu, mbahmu Putri yen nimbali bapakmu iku wor, terus Buk mak Tatuk nggak sabar , Yo Bapak karo Ibuk kaget, wong mau masmu podo bubuk awan kok, yo setengah ora percoyo , mirsani mbahmu ngendong mas mu wiwin , “ Wonten nopo Buuuk ? “ iki lo anakmu podo udan udan ono lapangan , “ yo opo sih anak udan udan kok di jarno ? karo duko mbah putrimu ngendhikanne, Aku karo Bapak mu kaget ora percoyo , masmu keweden karo nangis wedhi di dukani , raine mas mu abang abang kabeh sing paling nemen raine mas mu Wiwin. Terus bengine awake mas mu puuanas tak gowo nang pade warto disuntik. Isuk e raine masmu tambah abuh abang gosong gosong, Bapakmu matur nang mbahmu ….. “ mbah sinten Buk ? yo mbahmu Putri karo mbahmu Kakung, “ Yo opo sih Wor koen iku , opo wis disuntik Pak Mantri ? “sampun pak ! kolowau dhalu kulo beto, teng Pak Warto , kalian ibune lare lare . “ La terus saiki yo opo ? La nge niku Pak ?
“ Opo Wor ? mbah Putri nyauti “ Niku ,abang abang ,Mak , raine Wiwin “ Paling kenek DAP iku ?
Wis kene maring ngene tak gowo nang wak bok, “ Mak Bok sinten Maaak ? iku lo wong pinter sing iso nambani wong kene dap. ‘ Nggih pun Mak . selak kasep . Bareng tekan omahe wak Bok masmu iku mung diidhonni Dhuh Dhuh . mene isuke wis waras garing, yo iku kari karine dadi borek, untung mek setitik nggak kabeh sak raine, “ Oooo mangkanne sak iki Ibuk sering Nimbali Borek. “ iyo tapi ciliane masmu iku nggateng lo irunge mancung , “ kados sinten Buk ?? “ jare wong wong koyo Ibumu ngendikane Bapak ku.
‘ la mas EKO Ndos pundhi Buk ? “Masmu Eko slamet, nggak opo po “ Oh yo , Bapak soko mburi ngendikan “ iyo nopo mas ?? Ibuku nyauti , “ iling a dhik cilik ane Eko pas maem menjos , anget digowo nang sawah arep di maem karo Lombok jawane, barenng Lombok wis dikletus disenggol koncone menjos e rotoh kari lomb0k sing ono cangkeme , masmu kepedesen , nangis mlayu mulih , “ Iyo ta maaaas ? aku takon nang mas Eko “ iyo karo ngguya ngguyu mas Eko nyauti , Kapok sampean mas , “ yo nggak popo dig awe pengalaman , koen wani ngletus Lombok ? yen wani tak bayar satus , “ Aaaaa , yo nggak wani , “ Aku wani jare mbak Tatuk . “ Iyo wani mbak . “ iyo wani tapi Lombok sing nom, “ Oooo . yo nggak oleh, lek sing nom , ‘ nakalan mas Eko , mau mosok ngomong sing nom utowo sing abang, pokok e lak Lombok mbak tatuk nggak gelem kalah, “ yo wis yen wani kene tak jupukno , “ nggak, nggak wedhi loro weteng , “ mangkane nggak iso koen ngalahno mas Eko, mas Eko iku wanian koyok Pahlawan , “ Eeee pahlawan opo Le ? dawuh e bapak karo mesem ngrungokno aku ,mbakTatuk mas Eko eker eker Lombok Pancen masku iku lucu nggak njaean nggomong sak ngomong marakno ngguyu , pancen mas Eko nggak kono di kalah no , la wong sing mbarep
Pak menawi critane mas Sulis sing paling lucu niku nopo ? “ Waaah iku bageane ibuk mu kono dhik critanono iku sing di tutuk ulek ulek, durung crito Ibuk wis ngguyu kepingkel pingkel . “ Kinging nopo Buk kok Ibu nggujeng ??? “ nggak popo ? kapan kapan tak critani “ Aaaaaaaaa Ibuk ,

“ sak niki mawon Buuuuk ! kabeh podho nyauti , “ ngga iso kapan kapan ,sak iki wis kate maghrib , Ayo siap siap nang langgar . selak mggak oleh panggenan .
Kabeh nggak wani mbantah yen Ibuk wis ngendikan, kabeh podo buyar , nang mburi njupuk wudhu nggatian. Terus budal nang langgar.
Liyo dino pas Bapak Ibuku nganggur , kabeh wis podo mari maem, mari sinau , yo wis teko Langgar pokok e ora ono penggawean , yo koyo ngene iki sing di enten enteni, aku kabeh, Bapak Ibu pinarak jejer ono ruang tamu putra purine nglumpuk podo nyemak ngendikane Bapak karo Ibuku ono ae sing arep di critakno sing marak no ngguyu ….. opo maneh yen Bapak crito ……. Mesti kabeh podo ngguyu kepingkel pingkel, Critne lucu lucu mung ora serius seje karo Ibu yen crito, kabah podo asik nggak gelem ngalih sak durunge tamat critane . pokoke enak dirunggokno yen nggatuk mesti keturon yen luwe mesti maem ……… yo mesti ae jobo yen ngantuk di di dulang mesti nggak gelem maem paling paling tambah nesu , iyo to……? Nggak takon. “ iyo iyo .
Wis tak, tutukno critane ngene critane……… dawuh ibuku ….. pas kabeh podo nglumpuk koyo ngene iki Ono Palik Sidik , ono Palik Sudiono, mas Eko mas Wiwin , liane podo isih cilik cilik durung pati ngeti wetu iku, mas Sulis karo mesam mesem karo nggondeli sirae matur nang ibuk , “ ono opo Lis koen kok mesem mesem “ mboten wonten nopo nopo Buuuk , niku lo wonten crito… “ crito opo Leee? “ anu kolo wau niku wonten koboi wedok, “ Ono ae koen iku koboi kok wedok Lis Lis , “ inggih , koboine niku sakti Buuuuk ,mungsoh , di tembak mboten mleset titis pokoke “ Kenek ta Le ? “ Inggih mboten mleset blas Buk , pokoke mungsuh tidak berkutik, “ nonton biskup nang dhi sih Le… kok apik temen critane. “ wonten nggriko Buuuk! Tebih “ la terus …. yo opo tutuke critane’ “ nggih niku mungsune kelaran sirae mendol “ lo nggak mati ta Le ? “ mboten Buuuk wong bedil andalan mboten makan . mosok onok ta Lis, bedil nggak makan ‘ bapak nimpali ,karo penasaran’ “ Inggih Pak… wonten !, nggak katik ngguyu mas Sulis olehe crito , dadi kabeh podo ngrungokno termasuk Lik Sidik karo lik Diono, Mas Eko karo mas Wiwin tambah penasaran. “ La terus Lis…? “Sik la Lik, aku tak ambean. “ kesuwen jare mas Wiwin. “Nggak JIN ! mungsuhne nggak mati cumak kelaran mergo mendol batuk e ‘ “ La kenek opo ? “iyo SEK ! “iki nggak goro , temen iki fakta, “ La iyo kenek opo Lis ? “ Karo nyabar nyar no Ibu oleh pingin weruh tutuke critone mas Sulis . “ La niki Buk koboi wedok mbeto senjat andalan niki , ugo karo nggondelli batuk e sing mendol , Kenek opo Leeee ? Bapak karo kaget mirsani batuke mas SULIS ‘ NGGIH NIKI Pak . dibedil koboi wedok . kaian senjata andalan ULEK-ULEK > Geeeeeeer kabeh podo ngguyu kepingkel pingkel “ Ono ae mbah Roh iku , Jare lek Diono.
Ono ae mas Sulis ……. Dasar mbah Roh , Glendam glendem meneng ,ning yo lucu yen crito ……. Ala mas kapan crito maneh
{SEK julukane masEko JIN julukane mas Wiwin SLIS / mbah ROH julukane mas Sulis)
Lik SIDIK LIK SUDIONO adhine Ibuku

Buk ……… kinging nopo sih mas Anto niku, di timbale mbah Kasan ? “ Oooo iku ta masmu iku rupane koyo suwargi mbah Kasan, yo sregepe irenge yo wateke kaku , keras , meneng sabar ta pi….. ojoh sampei digarai sopo ae sing nggarai nggak berduli, bah wong tuwek , yen nggak rumongso salah yo dilawan
Menawi dalem Buk ? “ sampean ta mbak , Gondol koyo PKI . “ Biasa koen iku Deng ! nggak melok ditakoni njawab , karo mlerok mbak yuyun nguwasno Ideng “ tibangane koen koyok Wak Sareken , “ Ngak popo ngak popo……. Sing penting nggak koyo PKI , karo megelno onoae jawab ane .
“ Wis wis nggak pareng ngomong ngono , ojo nyebut nyebut PKI , mengko ono Polisi ditangkep , Karo dhene , seneng ta ….? Mbakmu koyo PKI . Bapakku nengahi olehe aku tukar padu karo Ideng ,
“ Inggih Paaaak , wong Yuyun pancen gundul . “ Loooo , khok yo di terusno , Meneng ta Tuk !
Biasa bude Sia iku . “ lo lak terus nyandak nyandak Budene barang, wis –wis ayo kono , nang buri opo biasane yen jam yamene iku tugase Dawuhe Ibuku.
Kabeh podo nang mburi , mbak Tatuk kora kora, aku ngodhok wedang , Masku Anto, adhiku Ideng karo adhiku Yeyen Podo nderek Bapak nyiram latar ,ngimbal banyu soko kali mburi, terus adhus nang pinggir sumur di grojoki Bapak .

Alhamdulillah


Alhamdulillah sekarang lingga sudah lulus, terima kasih ya allah, sekarang anakku lingga sudah lulus,

semoga menjadi anak yang berhasil

Geguritan Seru

KUDANGANKU
L e cah bagus
Mugo- mugo bagusmu
Sak penjerone dhodhomu
Kowe ngerti o ,yo le
Sopo sejatine awakmu
Sopo kowe, Lan sopo
Bapa karo Ibumu
Le cah bagus
Eseman ning njero dhodho ku iki
Ora ono liyo kajobo
Kanggo .loro loro ne anakku
Le Cah bagus
Ora ono dhongo kanggo wong liyo
Kajobo kanggo loro lorone anakku
Le, cah bagus
Kae nak , wis cedak mbulane, ndang jupuken
Mbulane wis mbunder seser,
Enggal tangi o le
Selak ke disikan srenge nge parak esuk

Prob 9-22010 Yun

ANAKKU
mBulan …… wayah wengi
Sopo to kowe sejatine
Srengnge nge
Sopo kowe ?
Opo iku anak-anak ku ?
Dhu dhu , ……….dhudhu, iku dhudhu anak anak ku
Anakku , Yudhistira karo Bima Satria
Lanang loro
Bekti marang wong tuwo
Taat agomo
Ono… nang njeroning bongso lan negaro

Prob 922010 Yun


MATUR NUWUN
Bapak
Ibu
Matur nuwun
Kulo dados putro putri panjenengan
Dongo
Sampun dalem unduh
Sampun dalem raos aken
Bapak

Ibu…….. matur nuwun
Prob 9210 yun

DAWUH BAPAK,IBU
Le…… Eko , Wiwin
Sulis karo Anto
Titip adhimu ……….
Tatuk karo Yuyun
Kowe Le……
Ideng karo Yeyen
Tolong jogo en mbakyumu
Mbak Tatuk ,karo mbak yuyun

PROB 9210 YUN


DULUR KANDUNGKU
Mas EKO almarhum
Mas WIWIN sing tak tresnani
Mas SULIS sing sabar
Mas ANTO sing nriman
mBak TATUK sing resik atine
Adhiku IDENG karo YEYEN gantungane atiku
Urip iku kepenak
Nanging
Sopo ? sing biso ngrasak ake urip
Urip iku ugo kepenak
Nanging
Sopo sing biso ngerti sejatine urip
Sopo sing ngawe urip
Sopo ?
Sopo sopo ae
Prob 9210 yun

ANAK ANAKKU
Nduk
mBak VIVI karo mas BUDI
mBak NOVA karo mas AYIK
Anakku YUDHIS PUPUT karo mas KOJEK
Mas DELA
Mbak ARIK
Dhik LUKY karo mbak RAHMAH
Mas EWING karo mas LINGGA
Cah bagus dhik BIMA
Mas IDON karo dhik EGA
Dhik IVAL karo dhik NIA
Sing rukun yo tetep o silaturahmi iku ndawakno urip mu

PUTUKU
Cah ayu KEKEN
Kowe KEVIN cah bagus
NACA sing ngemeske
DAVIN sing marak ake ngguyu
Mugo mugo GUSTI ALLOH
Maringi dalan becik
Kanggo sliramu
Tabah , tawakal, iklas iku kuncimu


I P E I P E KU
Dhik WIS
MbAk MADE
Mbak UNIK karo mbak ENDANG
Mas KAMTO
Mas BOWO ku
Dhik DIAN karo adhiku ANI
Opo sing ono iki
Ning kene
Ning ningsore langit
Karo ning nduwure ndonyo
Ono mung siji
Katrisnan marang sapodo podo
Pro 9210 yun
GARWOKU
Mas BOWO
Aku YUYUN sigarane nyowomu
Anakku loro
Cah bagus wis tak gedhekno
Matur nuwun mas BOWO
Aku trisno ono sesemu
Prob 9210 yun

TULODO
Bapak Ibu
Tulodo ingkang sampun
Bapak ,ibu tandur
Wonten manah ing kulo
mBak yu kulo
Mas…mas kulo kalian rayi kulo kekalih
Tasih sekedik ingkang kulo lampai
Tasih tebih kados ipun
Angen kulo njangkah
Nangin kulo sedoyo
Sami mbukti aken nggengem tulodo
PROB9210YUN


WAYAH SUBUH
Jago kluruk parak esuk
Ndan tangi tangi o nduk
Ojo nganti kedisikan mletek e srengnge
Ayo Le inggal muduno
Ning kono ono dalan swargo
Ayo ndang paran ono
Cobo buktikno
Ndongo sabar karo nggolek bondo


SING NGERTI
Ngger
Ora ono ngger
Srengenge tengah wengi
Ora ono ngger
Lintang awan tang-tang
Mulo podo iling o
Kabeh ono sing ngersakno

SINAU
Ayo moco, Ayo moco
Ning kono ono nroko lan suwargo
Ayo moco, Ayo moco
Ning kono ono dongo
Kanggo urip lan tilar ndonyo

PITAKON
Piro sih ……..?
Ombone ndonyo
Akeh e banyu segoro
Gedhe ne gunug
Karo abot e banyu moto
Cobo matur o GUSTI ALLOH

S U S A H
Ngger ………….
Ojo gampang ngumbar banyu moto
Kene…
Inggal matur o
Ibumu mbantu nyonggo abote ndonyo
Ngger…………..
Ayo ndang ngguyu o…
Bapak mu nrimo padange ndonyo

M U N G GA K A J I
Dhik ojo ning kono
Kene nak
Cedak Bapakmu
Kowe mas
Kene Le
Cedak Ibu mu
Kowe disik, adhimu
Opo Ibu, karo Bapak mu
Gusti kulo sapun dhugi
Tamu penjenengan sampun wonten ngriki
Pundhi ……..? toyo kaluhuran
Kangge obat, wudhu damel sembayang

Tentang anak - anakku

















Aku bahagia punya anak - anak mereka,
merka baik baik dan lucu

ganteng ganteng