KUDANGANKU
L e cah bagus
Mugo- mugo bagusmu
Sak penjerone dhodhomu
Kowe ngerti o ,yo le
Sopo sejatine awakmu
Sopo kowe, Lan sopo
Bapa karo Ibumu
Le cah bagus
Eseman ning njero dhodho ku iki
Ora ono liyo kajobo
Kanggo .loro loro ne anakku
Le Cah bagus
Ora ono dhongo kanggo wong liyo
Kajobo kanggo loro lorone anakku
Le, cah bagus
Kae nak , wis cedak mbulane, ndang jupuken
Mbulane wis mbunder seser,
Enggal tangi o le
Selak ke disikan srenge nge parak esuk
Prob 9-22010 Yun
ANAKKU
mBulan …… wayah wengi
Sopo to kowe sejatine
Srengnge nge
Sopo kowe ?
Opo iku anak-anak ku ?
Dhu dhu , ……….dhudhu, iku dhudhu anak anak ku
Anakku , Yudhistira karo Bima Satria
Lanang loro
Bekti marang wong tuwo
Taat agomo
Ono… nang njeroning bongso lan negaro
Prob 922010 Yun
MATUR NUWUN
Bapak
Ibu
Matur nuwun
Kulo dados putro putri panjenengan
Dongo
Sampun dalem unduh
Sampun dalem raos aken
Bapak
Ibu…….. matur nuwun
Prob 9210 yun
DAWUH BAPAK,IBU
Le…… Eko , Wiwin
Sulis karo Anto
Titip adhimu ……….
Tatuk karo Yuyun
Kowe Le……
Ideng karo Yeyen
Tolong jogo en mbakyumu
Mbak Tatuk ,karo mbak yuyun
PROB 9210 YUN
DULUR KANDUNGKU
Mas EKO almarhum
Mas WIWIN sing tak tresnani
Mas SULIS sing sabar
Mas ANTO sing nriman
mBak TATUK sing resik atine
Adhiku IDENG karo YEYEN gantungane atiku
Urip iku kepenak
Nanging
Sopo ? sing biso ngrasak ake urip
Urip iku ugo kepenak
Nanging
Sopo sing biso ngerti sejatine urip
Sopo sing ngawe urip
Sopo ?
Sopo sopo ae
Prob 9210 yun
ANAK ANAKKU
Nduk
mBak VIVI karo mas BUDI
mBak NOVA karo mas AYIK
Anakku YUDHIS PUPUT karo mas KOJEK
Mas DELA
Mbak ARIK
Dhik LUKY karo mbak RAHMAH
Mas EWING karo mas LINGGA
Cah bagus dhik BIMA
Mas IDON karo dhik EGA
Dhik IVAL karo dhik NIA
Sing rukun yo tetep o silaturahmi iku ndawakno urip mu
PUTUKU
Cah ayu KEKEN
Kowe KEVIN cah bagus
NACA sing ngemeske
DAVIN sing marak ake ngguyu
Mugo mugo GUSTI ALLOH
Maringi dalan becik
Kanggo sliramu
Tabah , tawakal, iklas iku kuncimu
I P E I P E KU
Dhik WIS
MbAk MADE
Mbak UNIK karo mbak ENDANG
Mas KAMTO
Mas BOWO ku
Dhik DIAN karo adhiku ANI
Opo sing ono iki
Ning kene
Ning ningsore langit
Karo ning nduwure ndonyo
Ono mung siji
Katrisnan marang sapodo podo
Pro 9210 yun
GARWOKU
Mas BOWO
Aku YUYUN sigarane nyowomu
Anakku loro
Cah bagus wis tak gedhekno
Matur nuwun mas BOWO
Aku trisno ono sesemu
Prob 9210 yun
TULODO
Bapak Ibu
Tulodo ingkang sampun
Bapak ,ibu tandur
Wonten manah ing kulo
mBak yu kulo
Mas…mas kulo kalian rayi kulo kekalih
Tasih sekedik ingkang kulo lampai
Tasih tebih kados ipun
Angen kulo njangkah
Nangin kulo sedoyo
Sami mbukti aken nggengem tulodo
PROB9210YUN
WAYAH SUBUH
Jago kluruk parak esuk
Ndan tangi tangi o nduk
Ojo nganti kedisikan mletek e srengnge
Ayo Le inggal muduno
Ning kono ono dalan swargo
Ayo ndang paran ono
Cobo buktikno
Ndongo sabar karo nggolek bondo
SING NGERTI
Ngger
Ora ono ngger
Srengenge tengah wengi
Ora ono ngger
Lintang awan tang-tang
Mulo podo iling o
Kabeh ono sing ngersakno
SINAU
Ayo moco, Ayo moco
Ning kono ono nroko lan suwargo
Ayo moco, Ayo moco
Ning kono ono dongo
Kanggo urip lan tilar ndonyo
PITAKON
Piro sih ……..?
Ombone ndonyo
Akeh e banyu segoro
Gedhe ne gunug
Karo abot e banyu moto
Cobo matur o GUSTI ALLOH
S U S A H
Ngger ………….
Ojo gampang ngumbar banyu moto
Kene…
Inggal matur o
Ibumu mbantu nyonggo abote ndonyo
Ngger…………..
Ayo ndang ngguyu o…
Bapak mu nrimo padange ndonyo
M U N G GA K A J I
Dhik ojo ning kono
Kene nak
Cedak Bapakmu
Kowe mas
Kene Le
Cedak Ibu mu
Kowe disik, adhimu
Opo Ibu, karo Bapak mu
Gusti kulo sapun dhugi
Tamu penjenengan sampun wonten ngriki
Pundhi ……..? toyo kaluhuran
Kangge obat, wudhu damel sembayang
Sabtu, 01 Mei 2010
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar